Showing posts with label Puisi Jawa-Sunda (Banten). Show all posts
Showing posts with label Puisi Jawa-Sunda (Banten). Show all posts

Wednesday, March 11, 2026

Puisi Jawa Banten | Encep Abdullah

Puisi Jawa Banten Encep Abdullah




Laila (1)


Laila, ning endi sire ngumpete nong

Kakang wis gegelati unggal bengi

Akune lamun pengen kependake si nong

Kakang kudu tafakur


Mun jereh Kamad mah siremah dudu uwong 

Lah, terus ape? Memedi?


Laila, wong lake mendane 

Ngomongi sire bae nong

Kakange kerok ules asline si nong kaye ape


Kakang mah percaye bae

Lamun Kakang bakal kependak nong Laila

Seyakin-yakine


Gusti Allah, tulung buke mate batin kite!


Kiara, Maret 2026



Laila (2)


Barang Kakang ngedeleng si nong

Ore seumpame temen

Kakange minder 

Ore pantes ngulihaken si nong


Kakang mah wong belingsatan

Berenges maning

Si nong mah ayu menyor kaye sewu bulan

Ngegeter ati kakang kerane ore kuat


"Lamun Kakang wis siap, Laila gah siap," 

jereh Laila


Kakang nyangkin ngederedet 

Kaye wong kesetrum 

Premen iki ngejawabe


"Iki udu masalah Kakang berenges 

atawe ape. Iki soal yakin. 

Lamun Kakang yakin, 

Laila bakal teke, ore mustahil. 

Saiki Laila wis ning arepan Kakang," 

jereh Laila


Tapi, suwe-suwe mate Kakang rade lamur

Si nong nyangkin ore kedeleng 


Rasane nong Laila kaye manjing

Ning jero badan Kakang


Kakang ngegublag!


Kiara, Maret 2026


________


Penulis


Encep Abdullah, penulis asal Pontang sing doyan mangan dadar endog lan oreg tempe.


redaksingewiyak@gmail.com

Wednesday, February 25, 2026

Puisi Jawa Banten | Encep Abdullah

Puisi Jawa Banten Encep Abdullah



Wadon Andeng-andeng


Nong Siti, andeng-andeng ning sor lambe sire

gawe manis sejagat, gawe Kakang kesemsem

Ikune andeng-andeng ulih tuku ape gegawan, Nong?

Bokan ulih tuku, Kakang gah pengen tuku

Arep dokon ning kelek, genah manis keleke


Nong Siti, Kakang weruh sire iku wadon demplon

Tapi endase doyan temungkul

Kakang weruh kerane si Nong isinan

Si Nong rajin salate, ore akeh lagane

Aje kaye Kakang sing melangak bae

Baranganu ketiban cecek sing duhur


Nong Siti, demen ore kelawan Kakang

Sing kendo mengkenen, sing doyan ngeloyor mancing

Uripe lalawore tapi mangane hawek, ape bae dilamot

Barang ngisinge sejebuk, cewoke banyu sesendok

Jawab geh Nong! Demen ore?


Nong Siti, lamun demen, menawi Kakange bise berubah

Dadi spidermen atawe hulk atawe power renjer

Genah dadi penolong  urip si Nong


Barangemah Kakang gah ore seumpame rasane demeni si Nong

Wis ireng, kuru, cilik, kaye curut kejepit mengkenen

Tapi, wis ore, andeng-andeng si Nong gawe ore bise turu Kakang

Pokone sampe Lebaran monyet gah tak tonggoni atine si Nong!


Kiara, Februari 2026



Cerite si Juned lan si Romlah 


Awale jejorangan

Awale ceceletukan

”Eh, wader pitak!”

”Sirekuh iwak blodog!”

”Anegah sire kerupuk umes!”

”Sirekuh badeg kaye lembing!”

”@#$%^&*@#$%^&*”


Baranganu dedemanan

”Kite demen sire!”

”Kitegah iye!”

”Ailopyu!”

”Ailopyutu!”


Baranganu kekangenan

Baranganu nyenyompokan

Baranganu pepetengan

Baranganu enjot-enjotan

Baranganu ...


”Juneeeed! Kitane meteeeng!” jereh si Romlah

“Orelaaah, kabuuuur!” jereh si Juned.


Kiara, Februari 2026


________


Penulis


Encep Abdullah, hobi mangan dadar endog lan oreg tempe.



redaksingewiyak@gmail.com


Wednesday, February 18, 2026

Puisi Jawa Banten | Encep Abdullah

Puisi Jawa Banten Encep Abdullah




Nyilih Satus


Token muni

Gas entek

Bensin entek

Beras entek

Ban bocor

Pendil bolong

Rabi purik

Pengen tuku cangcut anyar

Anak nangis

Pengen tuku mubil damkar


Beranganu

Baturan teke 

Akune:

“Nyilih satus sih!”


Biadeg-adege!

Ting buating!

Ngblekenek!

Amit-amit!


Allahumma shalli 

alaa Muhammad


Februari 2026



Bedane Ore Mangan lan Ore Salat


Ore mangan sedine

Ore mati

Lemes doang


Ore salat sedine

Badane urip

Tapi jiwane mati


Februari 2026


______

Penulis

Encep Abdullah, tukang mangan dadar endog.



Kirim naskah

redaksingewiyak@gmail.com


Tuesday, November 11, 2025

Puisi Jawa Banten | Encep Abdullah

Puisi Jawa Banten Encep Abdullah





Longsong


Ibu kite brojol

Kite selamet

Longsong

Kite disapih 

Ibu kite longsong

Nambah maning 6 

Brojol kabeh

Longsong

Anake lulus sekola

Longsong

Anake wisuda

Longsong

Anake pade megawe

Longsong

Anake wis kawin

Longsong

Rabi kite brojol

Ngulang maning sing awal


Longsong iku kapan?

Ape seuwise longsong

Kudu ngelungsungi kaye ule?

Kedahemah mekoten

Badan lan batin anyar maning

Dadi wader maning

Dadi bayi maning


Longsong

Ngelungsungi

Mati


Ape wong mati iku longsong?


Gusti Pengeran

Inna sholati wanusuki wamahyaya wamamati lillahi robbil alamin


Kiara, 2025



Murid Saiki


Duwe otak ore bise mikir

Duwe ati ore ngererati

Dikon takon cangkeme mingkem  

Dikon jawab nyangkin melempem


Dikon belajar pejirih

Dikon etes pejirih


Barang tawuran nomor siji 

Barang pacaran nomor siji

 

Barang gede nyalon dewan

Duit rakyat genah memengan

Larak-lirik perawan


Kiara, 2025


_________


Penulis


Encep Abdullah, tukang mangan dadar endog.


Kirim naskah

redaksingewiyak@gmail.com 


Wednesday, November 5, 2025

Puisi Jawa Banten | Encep Abdullah

Puisi Jawa Banten Encep Abdullah




Si Kamad


si Kamad badane petekel tapi memen

doyan melider-melider ning latar malaki uwong

lamun ore digei picis atawe penganan 

bakale merongos-merongos

ngiduhi rai nang ore ngebadug kare watu


kite ore kukup ngeladeni si Kamad

mendingan melayu atawe adawadan mati


tapi ules si Kamad iki ane ning endi-endi

ujug-ujug ane ning arepan kite

tangane sembari nadong 

“genah tuku rokok,” jereh si Kamad


unggal dine ngerecek nadong ning uwong

uripe belangsak padahal bengene wong sugih

mobile lime, umahe wolu, rabine papat

tapi peragat kerane judol


kerunye barangemah ngedeleng si Kamad

”tulung kite keh, pegel temen urip iki,” jereh si Kamad


aih, galimah si Kamad iku sire

sing wace puisi iki!


Kiara, November 2025


Si Kamad Maning


nabet mikiri si Kamad

wakeh pegawean sing ngangkrak

kedahemah peragat nulis cerite cendek

nulis puisi, nulis catetan utang


si Kamad kon kawin maning gati, jerehe ore payu

kon megawe ning pabrik, ngakune ulap adoh

kon ngoyos, ngakune bokan kulite ireng


si Kamad wis ore kebite dunie

tapi ongap megawe

lamun wis ulih roko ngejubleg ning gardu dese

dodok sembari ngopi ireng Bi Kamsinah


“ruwed tapi nikmat temen urip iki, Bi Kam,” jereh si Kamad


Kiara, November 2025


_______


Penulis


Encep Abdullah, tukang mangan dadar endog.



Kirim naskah

redaksingewiyak@gmail.com


Wednesday, October 29, 2025

Puisi Jawa Banten | Encep Abdullah

Puisi Jawa Banten Encep Abdullah



Ruwed Dewek


Unggal dine menuse ketelimbeng

Arep ngeluh apa maning

Wis kakehen aduh-aduh ning Gusti Pengeran


Ditahan-ditahan ore bise

Menuse duwe ati

Kadang banyu mate mili dewek

Padahal lake sing nempiling


Dine iki nangis  

Ko esuk jingkrak-jingkrak

Esuke nangis maning

Mangan maning

Adus maning

Turu maning

Ngising maning

Kawin maning


2025



Petoak


Wis tekang endi kite dolanan ning dunie iki

Lake alat ukure

Padahal Pengeran ngekon kite kudu nimbang-nimbang dewek amale


Sing kite timbang-timbang wonganan udu amal

Tapi picis, jabatan, pangkat, wadon prigel, skinker

Suwe-suwe mati atine


Digei gering ngeluh

Digei musibah ngelumah-lumah


Petoak doang!


2025



Dolan sing Adoh


Cah, uripmah aje megegeg bae

Endas kudu mikir

Pawon kudu ngebul


Jerehe “rezekimah wis ane sing ngatur”

Tapi, unggal dine ngelonjor bae ning kasur

Sekrol-sekrol tiktok deleng sing munel-munel


Cah, gelati pegawean iku gati

Aje ilok ceplas-ceplos "leh, enje sih ore megawe gah masih urip"


Tak jawab ning kite, " leh, entut badeg!


2025


_______


Penulis


Encep Abdullah, penulis sing doyan mangan endog.



redaksingewiyak@gmail.com 


Wednesday, October 15, 2025

Puisi Jawa Banten | Makrifat Bayhaki

Puisi Jawa Banten Makrifat Bayhaki




Beras Kencur


Mang Dul lagi macul

Ditubruk macan tutul 

Getihe muncar-mancur

Ditambani beras kencur


2025



Bocah Polod Ngerewangi Sawah


Ngembang lan mendote wijil pari 

Ngebebungah jero ati

Sedurunge manuk-manuk mareki

Lan ngareni bocah cilik sewiji

Sing kekelangan kakang 

Beberekan sing nyerupe tembang


Kakang-kakang gagi mulihe

Pari si kakang entekkan manuk

Manuk deruk sing ngeruki

Manuk bondol sing ngeggondoli

Manuk peking sing nyangkingi


Serang, 2025



Cocot Loro Kependak Endas Loro


Wong wadon wakeh omonge

Aje diembil ati 

Sebab loro cocote


Wong lanang

Rungseb kelawan beberekan rabi

Kudu dipotel endase sing loro


Serang, 2025


________


Penulis


Makrifat Bayhaki, asli wong Begog, gelati picis ning Jakarta, rabine wong Tersaba. 



redaksingewiyak@gmail.com

Wednesday, October 8, 2025

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab



Wulan ing Srengenge


Adar ider -- Adar ider -- Adar ider

Lanang linglung 

Ngilar demen – nilar kedemen 

Ngilari sebab lan musabab perkare acak 

Wong wadon dados srengenge 

-- dados wulan ing dinten peteng 

Malihe 

mulih

Ing hikayat wong tuane sedanten


Telas Chandra pun Devvita

Sedanten lare lan pepeke boten rempug den jabar-jeri 

Botan antuk jengkat pun malih tetande

Sekalihe kantos 

Ngantosaken demen maring kang haqq

Kang ngeratoni sedanten luhuq


Wadon ngan pepaes 

Wadon ngan pepeke

Kedah dirupie

Kedah ditelikani 


Amben, Gili kaliasin – 1444H



Deluang Kuning


Blak ngeblak

Samar-samar perkare rumped 

Diblakaken 

Bakekok!


Kelawan dhomah

Sing ngegantungaken mim ing dalem gumantunge kawitan

Tur kho' kang maparing kabar saking Khaibar 

Welad gede

Sinten setuhune raje lan pengeran


Pok Menare, Singarajan -- 24 Feb 2022

 


Nariyyah


Nun saking Nariyyah

Ing taun sewu wolungatus wolungpuluh wolu

Nun ing nariyah

Umpetne tetande noktah

Macehe sedanten wong Banten


Nun saking Nariyyah

Ing patangewu patangatus patangpuluh papat

Rep -Pepasten mace kedah sirep

Eling lambe mingkem

Ati kang kedah usik


'Ala hadihinniyah

Walikullinniyatin sholihah


Maqbaroh Baituttaqwa, Singarajan - 10 Robi’ul Akhir 1447H


_________


Penulis


Oki Khaeri Rojab, tukang ngelamun.



Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com 


Wednesday, November 13, 2024

Puisi Jawa Banten | Ihya Dinul Alas

Puisi Jawa Banten Ihya Dinul Alas



Getih Lanang


Udan ngejelma tali

Angin dadi aran

Menit jam tetep ngelangkah

Semisal gunung disungkal 

Laut tek kelilingi

Ore mundur

lanang akeh akale

Getih lanang pantang nyerah

Ya sayyidi dadi sakti

Ing tengah wengi

Ngadeg ing tengah jagat

Dadi siji manjing ati


2024



Digdaya Doa


Iki asihan sing ibu

Ika kekuatan ana ning bapa

Sebagai anak lanang

Kudu ngedueni lelemek

Gona dalan ana cekelan


Ilmu kudu ditunggangi

Aje gelem ditunggangi ilmu

Manjing rasa

Sukma dadi

Uluk salam ing kang dingin

Selamet sekabeh dunia lan ahirat


2024


_______

Penulis


Ihya Dinul Alas duwe aran asli Mamat Safrudin. Lahir 7 Agustus 1982. Sibuk ngajar ning SMA Asy-Syarif Ciruas lan SMA Darrurohman Walantaka. Sedang aktif kembali di Kubah Budaya sebagai narasumber.


Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com

Wednesday, September 18, 2024

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab




Mulih


Woi!

Bocah-bocah ireng

Lelopot endut saking sabin

Mulih waktos tabuh megrib

Pepelayon ngudag pawon

Adar ider kebelinger

Melayu saking setan jarring


Teritih, 14 September 2024



Madep


Lumaku saking etan

Gegancangan ngudag bedug

Ngarah ingkang

Nadah wirang

Pepelayon ati ming jeroning pati

Pati lemah – pati bumi

Dados sari ning jero ati

Patine lintang tanggal lanang

Ngambung lemah ngunduh pasrah

Ngarah jejeg ati kang pajleg

Nampi – nadah naktu lampah

Meneng maring jumeneng

Jejeg-pajleg ming kang kasrah

.

Eeeeeiiii eling eling kang lali

Kang unjar-unjaran ming banyu kali

Waktos mulih sampun pedek

Bedug magrib sampun rauh

Pun waktose ngederes urung sepuh


Teritih, 7 Muharam 1446 H



Mulih 2


Akas waktose awak

Pun niki

Badan dados bebatang

Sikil den sindet

Tangan sedakep

Tengen ning sore

Kiwe ning duhur

Pepet sampun bebolongan

Waktose awak di deres

Pitung lapis putih dados bungkus

Pun niki waktose pupus

Ruh mulih

Awak dideres

Meneng jumeneng

Pepasten linggih


Teritih, 10 Robiul Awal 1446 H


________

Penulis


Oki Khaerul Rojab, lahir ning Singarajan, Pontang. Pemude sing doyan kawanan lan telat sarapan. Penikmat puisi lan segale kenang. Cita-citane pengen duwe empang lan kebonan kelape.

Instagram: @_k.rojab



Kirim tulisan

redaksingewiyak@gmail.com



Wednesday, July 17, 2024

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab



Brokbok


Tengah wulan

Jejake ngobong menyan

Nambe ati ngarep wirang

Mace jampi -- melet rangde pirang


Tengah wulan si jake beruhun merang

Ngobong dami saking salang

Ngengace rai ning lembedang

Mirit rambut dadi lanang

Dumadi-kem  

Pati-lungguh Sri


Wong Lanang ngelindur 

Tengah wengi 

Cengar - cengir madep Etan 


Teritih 7 Muharam 1446H



Along


Mulih miyang 

Wong Empang ngangkat wuwu

Saking lawang banyu 

Sesipeng boten turu 


Mulih miyang 

Wong mancing masang teger 

Manjer walesan ning pojok rawe

Sesipeng boten turu


Mulih miyang

Wong laut manek bagan

Ngale iwak tengah laut

Sesipeng boten turu


Mulih miyang 

Wong pesisir nguace langit

Sesipeng boten turu

Badan kuru -- endas cemplu

Mangan angin -- gati ngentut

Along kok brut 


Teritih, 7 Muharam 1446H



Madep


Lumaku saking Etan 

Gegancangan ngudag bedug

Ngarah ingkang 

Nadah wirang 

Pepelayon ati ning jero Pati

Pati lemah -- Pati bumi

Patine lintang tanggal lanang 

ngambung lemah ngunduh jejeg

Nampi - nadah naktos lampah

Ngarah pajleg atawis kasrah 


Eeeeeeiiiii wong kang lali

Wong kang unjar-unjaran ming banyu kali

Waktos mulih sampun pedek 

Bedug magrib sampun rauh 

Waktose ngederes urung sepuh 


Teritih, 7 Muharam 1446 


Catatan:

Deres = ngederes layangan


________


Penulis


Oki Khaeri Rojab, salah siji jejake kasep saking Pontang. Demen kelayaban sambil gelati pengurip-urip pikiran. Geremasem lan apem Legon dadi pepanganan kedoyan. Masih bujang lan demen nandur kembang. Lagi belajar rajin nulis, salah siji lan embeke bise nulis puisi.


Kirim naskah 

redaksingewiyak@gmail.com 


Wednesday, July 3, 2024

Puisi Jawa Banten | Ki Arjuna

Puisi Jawa Banten Ki Arjuna



Ketelimbeng


Wong enom tapi tua

Wong tua tapi enom

Ulese enom kelakuane tua

Ulese tua kelakuane enom


Rabi mateni laki

Laki mateni rabi

Wong tua ngebuang anak

Anak ngebuang wong tua


Sedulur ora akur

Sing akur dadi dulur

Waktu susah gelatine batur

Waktu senang turu ning kasur


Pekaya akeh dadi ukuran kemulyaan

Wong mesakat ora keopenan

Statusemah gegayaan

Nyatanemah lagi kepayahan


Wakeh wong sing ketelimbeng

Ora due duit jerehe paleng

Diajak ibadah ngakune durung seumpama

Ari maksiyat sedina-sedina.


Pipitan, Juli 2024



Nonggoni Malaikat Lewat


Ngejentul ora puguh

Wonge meneng atine mabur

Jerehe gelati inspirasi

Sing ngegantung ning lelangit sore


Gegodan sing hape seliwar seliwer

Ngeganggu pikiran sing pengen anteng

Atimeh pengen ora kegoda

Ari tanganmah reflek ngebuka 


Laju bareng inget iku gegodan 

Balik maning ngejaluk ning pengeran

Ngejajal lewih khusu karo rokok sebatang

Endah jol langsung dingean


Sing ditonggoni ora gelem teka

Sing dienteni laka gelagate

Ngegerunek dewek ning jero ati

Kapan malaikat nyamper ngean inspirasi


Pipitan, Juli 2024


______


Penulis


Ki Arjuna, pendidik saking Ponpes Darussalam Pipitan. 



Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com 


Wednesday, June 19, 2024

Puisi-Puisi Sunda Banten | Asep Syaeful Bahri

Puisi Sunda Banten Asep Syaeful Bahri



Kerokan Jenggot

:Uu Ismail


Sieun

Bulu alus laleungitan

Bungeut lesang kos hulu gabus


2024



Di Makam Abah


Batu nisan ngajejer rapih

sararepi

Kembang beureum, putih, koneng

saseurian

Pacul, ember, sendok semen 

ngabaturan

Tukang jaga makam 

ngopi teu eureun-eureun


2024



Cau 


Hayu urang dahar, Mang

rasana amis biye

kos tai orok

meureun


2024



_________


Penulis


Asep Syaeful Bahri, guru di Tangerang. 



Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com 


Wednesday, May 8, 2024

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab




Segare


Segare saking utare

Pesisir lemah Lor!

Lontar!

Wit saking Pontang maring tenare

Imit-imit ngemimiti lemah lan telage 


Rauh pepeling saking utare

Banyu dados gegare 

Dados genah kang sampun ten bangkit diruwat 

Tilar sampun ambek pun niki

Nilem sedanten piambek menungse 


Segare saking utare -- karen sampah, balung lan ambu bacin 


Mentas saking lintang

Kelebu sedereng layar dibentang 

Perahu-perahu mamende lan bape kayi

Ngan dados panjang ing se-idere kali

Muware pun-niki 

Ngan wadah jarit, sempak, kutang atanapi ponjen-ponjen pelastik

Serte watang-watang tugel kang aking

Diantos layung nelike banyu rob maring segare

Rawuh lan mantuk saking gegare


Lontar, 20 April 2024


_____


Penulis


Oki Khaeri Rojab, Pemude pontang-panting saking Pontang.



Kirim naskah

redaksingewiyak@gmail.com

Wednesday, March 6, 2024

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten/Jaseng Oki Khaeri Rojab




TEN WENTEN

:saking kasih ming kekasih


Lan pisan malih

Saking nape damele andike

Gumede ming ganyahe dunye

.

Kang ten wenten segelepung meledug

Kang ten wenten bagje ing sejerone

.

Pun

Pundi malih andike ayun ming pundi 


Anggrek Puri, Rowah, 1445 H




SI LANTUNG

Rojab


Heiiiiiiiii

Segare segare saking utare

Curug deres ulon

Bakte meriki bayu 

Ming murage lemah 

Waktos sampun nibani peteng

Dalu linggih antawis sedanten

Alahhh tembelek wis ore lantung

Alahhh

Alahhh

Alahhh sire kuh

Luntang 


Anggrek Puri, 3 Maret 2024



_____


Penulis


Oki Khaeri Rojab, penyair, pemuda Desa Singarajan, Pontang. 


Wednesday, January 24, 2024

Puisi Jawa Banten | Ihya Dinul Alas

Puisi Jawa Banten/Jaseng Ihya Dinul Alas



Maen Layangan 


Mediso mabok kepayang

Ngudag layangan keleh aduan

Sendal copot ambekan ngongsrang

Ore wedi bakal kena marah 


Layangan soek olih rebutan

Puas ati gona cerita bisuk

Menang aran harga diri

Dipajang ning tembok umah

Sambil ngopi mesem dewek 


Tahun layangan suka cita

Dadi lomba nenangis bocah

Wong gede embil kesempatan

Ramerame gawe rencana

Sebab uwong pada demen pepanasan 


Citerep, 2023


_______

Penulis


Ihya Dinul Alas duwe aran asli Mamat Safrudin. Lahir 7 Agustus 1982. Sibuk ngajar ning SMA Asy-Syarif Ciruas lan SMA Darrurohman Walantaka. 


Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com

Wednesday, December 27, 2023

Puisi Sunda Banten Asep Bahri

Puisi Sunda Banten Asep Bahri




Loba Lua-Lieuna


dur barangkat

aya bae nu can rapih

ngke kiih heula

ngke neangan jem heula


nggeus di jero mobil

eh eh eh ngke heula

peci katinggaleun

urut tadi di kamar mandi


heuh, dewek kumaha sih!



Mata Nu Rada Lain


loba culak-cileuk

teu barani ngadu deuleu

batur nempo

malah tungkul

batur tungkul

malah nempo

mata jalema nu ndeuk maling 

meureun



Hate Bikang


emang ari hate mah moal bisa dibohongan

sanajan teu kadeuleu

ari hate nggeus ngarasa lain 

sok aya bae 

pan karasa ku sia geh! 



Goreng Hate


kadeuleuna bae bersih, seungit

can puguh jero hatena mah.



Aing Lain Jalema Hade


bawaan mah tenang

kadeuleuna mah loba seuri

jero hatena mah euwueh nu nyaho


pan ari jalema mah

rupa-rupa


aing geh can puguh bener, dak!


________

Penulis


Asep Bahri, tinggal di Sepatan, Kab. Tangerang. Saat ini sedang berusahan naikin tier ke legend.


Kirim naskah

redaksingewiyak@gmail.com


Wednesday, November 29, 2023

Puisi Jawa Banten Encep Abdullah | Gare-gare Bacot

Puisi Jawa Banten (Jaseng) Encep Abdullah



Gare-gare Bacot


Awal mulane adem mayem 

Keuripan ning sebuah kampung 

Puguh-puguh Rojali ngebacot

Akune Jupri selingkuh kelawan Munah


Rabine Jupri ngerungu

Balik-balik Jupri digeletok centong

Pawone awur-awuran kaye tai jaran


Jupri ore weruh ape-ape

Ore weruh salahe ape

Rabine uring-uringan jaluk pegatan

Jupri kukur-kukur endas lan silit


"Iki kayane ulahe Munah," jereh Jupri

Wadon sing bengen pernah ditolak deweke

Laju Jupri marani dukun

Rai-raine ning baskom kedelenge mirip si Munah

"Wis ore salah maning," jereh Jupri.


Cangkem uwong meladar-melider gelati kuping

Sampe ning kuping Munah

"Kurang asem si Jupri, wismah nolak kite,

nuduh kite gune-gune rabine maning. 

Ore terima kite. Kaye wong iku saking gagahe bae.

Ules kaye silit kebo bae akeh lagane!" jerehe.


Sekampung teriwuh

Cangkem uwong ore kedeleng sumber asline

Nguyab merana-merene 

Kaye laron-laron mabur ning musim penghujan


Jupri lan Siti masih tetukaran

Rojali khusyuk maen kerambol ning gardu 

Wong edan lan kucing akur 

Mangan sekul basi ning sor wiwitan


November, 2023


_________


Penulis


Encep Abdullah, penulis sing doyan mangan endog ayam setengah mateng.



Kirim naskah ning

redaksingewiyak@gmail.com


Wednesday, September 27, 2023

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

 Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab




Noktah


Rauh saking segare 
Ngantosaken alamat lahir perkare
Wajibe seket kang kedah diuningi 
Kongang mohal lan kang pasti wajibe

Kawitan kang kedah di uningi
Seket bagi telu kangge rong dzat kang mulye

Saking segare 
Dados lemah lan kangge segarane
Hu 
Ya hu 
Yaaaaaa 
Hua illah 

Pontang, 12 Mulud 1445 H

______

Penulis


Oki Khaeri Rojab, pemude paling gagah ning Singarajan.



redaksingewiyak@gmail.com



Wednesday, September 13, 2023

Puisi Jawa Banten | Ihya Dinul Alas

Puisi Ihya Dinul Alas



MAlIH RUPA 


Duh gusti

Tulungi kita kien

Kelantar ore ketemu puguh

Krunya anak rabi

Endah wareg 

Lan ibadah kula tenang 


Lamuntah ana dosa sing manjing

Atawa nempel ning badan

Tulung dibersihaken 


Iki mangsa benerbener edan

Ana wong rupane monyet

Ana setan rupane kiyai

Segalane jadi rumek 


Mun pangeran ore nulungi

Kayanekayane kita gah

Ngerupa kiyai


Walantaka,  2023



GONG


Sing endi iki tekane muni gong kien

Saban bengi angger

Sampe ngitung duit salah bae

Bekas subuh dagang cocot

Sampe kopi entek limang gelas 


Jam tembok naboki mata

Tapi ati masih gegerayang muni gong

Bokan ko isuk laka sing nabuh

Jadi melu sepi laka batur gona begadang 


Citerep, 2023


_______


Penulis


Ihya Dinul Alas bernama asli Mamat Safrudin Lahir pada, 7 Agustus 1982. Mengajar di SMA Asy-Syarif Ciruas dan SMA Darrurohman Walantaka, Kota Serang. Akhir-akhir sering absen di kegiatan Kubah Budaya meskipun sebagai awal berdirinya komunitas yang dibanggakannya bersama kelima kawan tongkrongan di DPM (depan pohon mangga) semasa kuliah.


Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com